Kamis, 18 Januari 2018

"Kadurakan ing Kidul Dringu"




I.                        Identitas Buku :

a)      Penulis             : Suparto Brata
b)      Penerbit           : Narasi
c)      Tahun  Terbit   : 2012
d)     Tempat Terbit : Yogyakarta
e)      Tebal  Buku     : 192 hal



    II.                        Sinopsis Novel

Desa dringu menika wonten ing sawetanipun kutha Probolinggo,taksih kepetung trajange dalan gedhe Daendels. Nalika wonten ing taun 1947 Wimbadi dipun pindhah jawatipun wonten ing Probolinggo. Wimbadi  mboten kedah pados pondhokan amargi wonten saderekipun saking sala wonten ing Dringu yaiku mbakyu Pandam, garwanipun mbakyu, mas Pandam  ngasta wonten pabrik gula. Mbakyu Pandam saweg ngandhut lan niate badhe babaran wonten Sala, dados Wimbadi saged ngancani Mas Pandam.Saben dinten Wimbadi nitih sepeda saking Dringu-Probolinggo. Amarga kantore mboten tebih sanget dados ngangge sepeda

Mbakyu Pandam mboten kagungan abdi, dados sedaya dipun cepeng piyambak. Gadhah ingon-ingon asu jenenge Tambur.



Dina iku tanggal 21 Juli awan-awan jam loro Wimbadi mulih saka kantor, akeh montormabur klinteran mbrengengngeng. Ngantos jam 4 sonten, Wimbadi lan mas Pandam sami-sami bingunge. Jebul swara montormabur lan swara bedhil-bedhil senjata api mau kuwi tandane perang. Wonten prahoto kang sejatosipun kangge momot-momot barang ananging prahoto menika malah momot-momot wong , banjur Wimbadi lan mas Pandam mlayu saka kana, liwat mburi omah nanging liwat mburi omah kedah mlumpati tembok kang dhuwure 3 meter. Lajeng mas Pandam mlumpat, Wimbadi bingung tapi melu ngetutaken mas Pandam, si Tambur jegog-jegog ana ing ngisor tembok, diprentah mas Pandam mubeng. Wimbadi lan mas Pandam mlayu liwati sawah, mas Pandam tiba ngrungkebi galengan, mas Pandam ora obah . Wimbadi bingung, Wimbadi mlayu saka kana lan nggolek panggonan kang aman. Nalika iku jaman-jaman walanda ngawontenaken serangan sasi juli 1947, objek-objek vital dipun bumihangusaken.



Wimbadi saiki wonten ing dusun sak kidulipun dusun Dringu. Wonten mriku Wimbadi sareng kaliyan pengugsi sanes. Wonten Dulmanan, Dasiyun, Martimbang lan Martimbul , Dul Genuk , Basuki, Kusman, mas Adi Waluya lan sapiturutipun. Wimbadi inggih tresna kaliyan Kenya ingkang ayu namanipun Kingkinarti. Piyambakipun ngarosaken benten nalika pepanggihan kaliyan Kingkinarti. Wimbadi nyuwun marang si Dulmanan supados piyambakipun saged cedhak kaliyan Kingkinarti. Wimbadi sampun nganggem pinten-pinten cara, nanging Kingkinarti mboten mendhel.




Kahananipun kutha Probolinggo sangsaya kisruh. Pemudha-pemudha wonten dusunipun Wimbadi mboten amung ngratapi kedadeyan sedaya menika. Nalika ndalu padha ngawontenaken serangan bebarengan. Padha nyabrang dalan Daendels. Ingkang dados kepala regu Mas Adi Waluya, wakil regu Ananta, Dul Genuk, Wimbadi, Basuki, Dasiyun, Dulmanan, Martimbang lan Martimbul, Kusman. Ananging wonten serangan menika Dul Genuk kena peluru lan sekarat. Para pemudha inggih menika bingung amargi Dul Genuk ketembak tentara walanda. Lajeng Dul Genuk dibekta wonten dusun malih, wonten ing dusun menika para pemudha bingung amarga peluru menika kedah dipundhut supados Dul Genuk mboten ke lara lara, badhe wonten mantra tebih, kahanan inggih mboten saged dipun paksa, ketua regu lajeng damel undian kangge sinten tiyang ingkang kedah nembak mati Dul Genuk, supados Dul Genuk mboten ke lara-lara. Dasiyun kang kedah nembak Dul Genuk. Kedadeyan menika sedaya ugi ndamel perkawis ingkang boten rampung , Dasiyun bunuh diri, Kusman kenthir. Wibadi sangasaya bingung dening kahanan menika, lajeng piyambakipun tindhak saking dusun menika pados panguripan ingkang langkung tentrem, kutha Sala ingkang dados tujuan. Wonten Sala Wimbadi saged pepanggihan malih kaliyan Kingkinarti, ingkang jebul saweg ngandhut. Kingkinarti lajeng nyariosaken kedadeyan saksampunipun Wimbadi kesah saking dusun menika.

Nasibe Pak Samiun

Nasibe Pak Samiun
Pengarang = Koessunaryo
Penerbit = Karunia jaya
Tempat terbit = Surabaya

          Pak Samiun sawijine tukang becak ing kampong Arjosari, dheweke duwe akeh langganan, dheweke disenengi karo tangga  amarga grapyak semanak & ngajeni  sapa wae. Pak Pawiro wong tuwane Asri lan Yaningandalake Pak Samiun kanggo ngeterake anake. Sawijining dina, Asri anake Pak Pawiro kate mudhun saka becak lan tibo, dengkule babras. Pak samiun enggal enggal nulungi. Asri digawa melbu kelas, pak guru enggal enggal ngobati Asri sasuke.

          Pak samiun wis teka ing omahe pak Pawiro. Nanging polatane katon suntrut. Pak Samiun mung terus terang yen ora iso mbayar spp-ne anake. Pak Pawiro maringi ngekei dhuwit kanggo mbayar spp-ne anake pak Samiun. Hatine Pak samiunmung bunga bunga. Pak Samiun enggal enggal mulih wes teko omah.

          Kate cerita ndelalah dhuwite ilang, enggal enggal pak Smiun nggoleki dhuwite nang dhalan. Saking gopohe pak samiun, dheweke ora ati ati sampek pak Samiun Ditabrak Mobil saka mburi. Uwong kang ing njero mobil iku mau ora gelem nulungi. Keluargane krungu kabar iki. Istrine pak Samiun nangis. Tangga tanggane melu kelangan.

Cerkak Basa Jawa

Penerbit=Panjebar semangat

Isine mung cekak aos, ning aku cukup paham karo karepe pesen WhatsApp saka ibu kuwi. Mula ora kakehan mbu­wang wektu aku enggal packing barang sing arep dakgawa mulih. Nekad idin cuti seminggu, mesi­san taun baru ana ndesaku.
Karo ngringkesi barang-ba­rangku, gumawang ibuku, njur WA-ne ibu patang dina kepung­kur, “Ris, kapan bali? Majalah-ma­jalah neng kamarmu isih kang­go apa ora? Nggo omah coro!” Mung iku. Ora ngertakake piye kahananku. Ning aku paham karepe, aku kudu bali!
Esuk candhake aku wis ana kamarku sing dhawuhe ibu nggo omah coro kuwi. Sakehing maja­lah lan kertas-kertas kang ana lemari kamarku enggal daktoka­ke. Sing sajake wis ora kanggo dakwadhahi karung, dene maja­lah-majalah lawas kang ngemot tulisanku dakresiki lan daklebok­ake lemari buku maneh.
Lan amplop kuwi ceblok nalika aku ngangkat tumpukan majalah sing wis dak­resiki arep daklebokake lemari maneh.. Amplop soklat kanthi tulisan tangan ngra­wit. Saka Puspa! Ing perangan ngarep am­plop ana tulisan tanggal 28 Maret 1998, tang­gal olehku nampa surat. Puspa, na ndi kowe saiki? Wis meh sepuluh taun!
Olehku kekancan wiwit SMP. Ratnawati Puspa. Sing banjur dadi kanca raketku. Ngan­ti SMA, lan wusanane pisah merga kuliyah ing panggonan kang beda. Taun semana durung akeh kang duwe ha-pe. Mula kala-kala ya lumantar layang yen dhong perlu sesambungan.
“…. rasane iki wis cocog, Ris. Dedege pi­degsa, sabar, sorot mripate edhum, eseme … uh.. bisa ngruntuhake atine para wanita, Ris…,” ngono cuplikan isi surate Puspa sing daktemu mau. Intine, dheweke bener-bener rumangsa ketemu klawan pri­ya sing dikarepake, sawise bola-bali lara ati merga kapedhotan tresna.
Dina candhake aku ngeterake ibu bu­wuh ana tangga dhukuh. Budhe Kasih man­tu. Merga isih mambu dulur, mula aku lan ibu digandholi supaya ora kesusu kondur. Lan aku weruh wong iku, wong lanang ka­ya kang digambarake ing surate Puspa ing sisih kana. Dedege pidegsa, katon sa­bar, ketara saka solah bawane, eseme…..
“Mas Tomi!” dumadakan wae  Endah, adhine manten putri, mbengok ana cedhak­ku. Lan pawongan  kang jenenge Tomi mau nyedhak.
“Iki hlo, takkenalke putrane budhe, Mbak Risa. Mbak Risa, iki Mas Tomi, po­nakane Bapak.”
Rada kecipuhan aku nampani tangane. Bener kandhane Puspa, eseme bisa ngrun­tuhake atine wanita.
“Mas Tomi iki arsitek Mbak, isih jomblo. Hla piye, pacaran mung karo meja gam­bar wae,” kandhane Endah semu nggodha, terus nglungani karo mesem. Aku njur ngo­brol sawetara.

Tomi Raharjo, wis sawetara taun mang­gon ana Jakarta. Kesibukan sing luwar biasa, kepeksa arang bali. Ngerti-ngerti umure wis………..